Diothak-athik Mathuk

1 04 2009

(Wecane R. Ng. Ranggawarsita)

Dek taun Masehi 1908, Ki Cekel isih bocah wajah demolan. Yen mapan turu isih dikeloni embahne wedok. Sajrone kelon mau embahne karo ndongeng warna-warna, nyritakake kautaman lan lelabuhane para luluhur ing jaman kuna, kayata: Raden Panji Inakartapati, Jaka Kutuk, Timun Emas, lan sapiturute. Terkadang sok diselani kekidungan utawa uran-uran, olehe nembangake nganjut-anjut bisa gawe turune bocah.

Ana uran-uran sji sing terus bisa cumantel dadi apalane Cekel, mbokmenawa marga uran-uran mau ngemot crita bab lalakone kewan. Dasar tembunge dandang gula, dilagokake turu lare, wah ta rasane kok kaya ndudut ati. Apalane mengkene:

  1. Tikus piti bisa nata baris
  2. Walang kecek sing minangka kopral
  3. Kodok ijo saresane
  4. Yuyu kapitanipun
  5. Nunggang kreta ngideri loji
  6. Jangkrik upa tetegar
  7. Kemangga kang nuntun
  8. Kadal, Bunglon tuk antukan
  9. Anggang-anggang angrebut negara Bali
  10. Kungkang, Bangkong tabuhan

Embahne lanang yaiku R. Dm. Pancapramana, paring katrangan yen uran-uran mau anggitane Kyai Pujangga Ranggawarsita, kajaba kanggo ndolani bocah iya ngemot surasa sing jero. Uran-uran mau kanggo pralambang bakal jumedule Ratu Adil, kang bakal dadi pangayomane wong-wong ing Nuswantara, mulihake panguwasa kaya jaman Majapahit.

Katrangan kaya mengkono mau ora bisa klebu ing pikirane Cekel, nanging dumadakan bapakne Cekel pitakon sajak migatekake banget, clatune: “Bapak, rawuhipun Ratu Adil punika punapa taksih dangu?”

Embahne: “Ing besuk taun Candrasengkala: Saeka Kapti Tumuju Sawiji, tegese taun Jawa 1881. Sengkalan iku iya anggitan Ranggawarsita.”

Bapakne: “Manawi mekaten kula mboten saged menangi.”

Embahne: “Aku ora ndisiki kodrating Pangeran, kira-kira putuku Cekel sing bisa menangi. Dak kukudang putuku Cekel ing besuk mantep setya ngayom marang Ratu Adil, supaya ginanjar slamet rahayu ing sapanduwure.”

Bapakne Cekel banjur ngelus-elus gundule anake, sajak krasa marem atine. Embahne katon resep nyawang putune, unli nerusake critane: “Ing besuk ana perang gede, sarta in Surakarta katut keseret ing perang. Kuta Solo dadi karang abang, pasar Kembang dadi pasar tangis, Nglaweyan banjir getih. Sing bisa tutulung Ratu Adil.”

Bapakne: “Ingkang wajah pun Cekel mugi kaparingan pangestu wilujeng.”

Embahne: “Tapaku cikben diunduh putuku, mung welingku dimantep pangidepe marang Ratu Adil. Sing prelu dieling-eling, ing besuk yen wis ana gaga tuwuh papringan sarta ana patih wuda, ing kono jumedule Ratu Adil. Ratu nangkoda diendih ing Ratu Kuning, suwene saumur jagung.”

Saben tahun angkaning tahun mundak siji, umure Cekel iya mundak setahun-setahun. Sateruse ngancik umur diwasa, omah-omah, duwe anak, banjur duwe putu. Ki Cekel menangi perang gede rambah kaping pindo. Perang donya kang kapisan ing tahun 1914 – 1918, ing Nuswantara ora ana owah-owahan sing wigati, tegese isih tetep dadi nagara jajahan.

Perang donya kang kapindo ing tahun 1939 – 1945, tanah Nuswantara genti dijajah negara Jepang (Ratu Kuning), lawase telu setengah tahun, ora saumur jagung telu setengah sasi. Nuswantara diresmikake aran Indonesia. Ing tanggal kaping 17 Agustus 1945 wong Indonesia ngedegake nagara Indonesia MARDIKA adedasar Pancasila, satemah banjur perang nglawan prajurit Jepang, Inggris sarta Walanda.

Nalika kuta Solo diebroki prajurit Walanda, yaiku wiwit tanggal 21 Desember 1948, Ki Cekel rada kisruh pikirane. Apa ngeeli marang kahanan yaiku abot marang tangising anak putu lan wedi ancaman bayonet, apa abot marang welinge embahne sing wis sumare?

Ki Cekel enggal mbukak catetan, buku kawak sing wis lutu wareg tangan. Catetan mau panggawene dek tahun M 1915 nurun layang wecane Kyai Pujangga Ranggawarsita, kagungane R. Tumenggung Martanagara ing Boyolali. Weca mau ana 6 pada gede, tembange sinom (taruna utawa lambange para muda): Kang jumeneng ping dwi welas, ilanging Gupermen Wlandi, sayuk sagung pra kawula, saiyeg saeka kapti, tumuju ing sawiji ( 1881), angadep satriya luhur, tan ngidep raja brana, mung nagri ingkang den pundi, kirdyating: tyas woring cipta ngesti janma (1881). Terange candrasengkala: Tyas (ati) = 1, Cipta (kekarepan) = 8, Ngesti = 8, Janma = 1. Eka = 1, Kapti (karep) = 8, tumuju (obahing karep) = 8, sawiji = 1.

Dadi tetela ing tahun Jawa angka 1881 panguwasane Ratu Walanda mengku tanah Indonesia wis cutel. Sanadyan ing weektu iku prajurit Walanda bisa ngebroki kuta-kuta ing Surakarta karo sawenang-wenang, iya mung dadi pecut tumrap para taruna sing saya gumregut olehe mangsah yuda.

Nalika samana sing jumeneng in Surakarta Sinuhun Paku Buwana XII temenan, dadi cocog karo unining yaiku Ripublik Indonesia. Sanadyan pasar Kembang sida dadi pasar tangis, lan nglaweyan sida banjir getih, Ki Cekel meksa ora ngedap. Ora mandeg tumolih.

Pasar Kembang kelakon dadi pasar pembelehan temenan, wong-wong kampung tuwa-anom lanang-wadon pada dibelehi tanpa taha.

Nglaweyan banjir getih, tegese: duwit kretas nyelawe rupiyah, pulase abang getih.

Ing batin Ki Cekel pitakon: “Hla Ratu Adil iku sapa?” Pitakon mau enggal diwangsuli dewe: “Ora liya ya Bung Karno!”

Ing layang Jangka Jayabaya nyebutake: Ratu Adil iku pralambange pudak sinumpet, kesampar kesandung ora ana sing weruh. Pancen ya nyata: Bung Karno kena diupamakake kembang pudak utawa kembang pandan sing nyata arum ngambar gandane, nanging terus disumpet ana ing pakunjaran Sukamiskin. Kesampar kesandung ora dinyana yen calon Kepala Nagara R. I.

Duk timure babaran ardi Srandil, tegese: Gunung Srandil iku ana guwane panggonan tapa. Iku nyanepakake dek Bung Karno mati-raga ana ing pakunjaran Sukamiskin.

Kutane alas Ketangga, kedatone sonya-reka utawa sonya-ruri, tegese: wiwit R. I. Ngadeg pusere pemerintah manggon ing tangga, yaiku wong Walanda ngarani Betawi nanging wong Indonesia ngarani Jakarta. Ing sadurunge iku Bung Karno ngedaton ing sonya-reka, tegese ngedegake peprentahan sarana sisideman (Ondergrondshe Politik).

Balane klabang lan kalajengking yaiku para gerilya sing gegamane bambu runcing.

Ratu Adil iku tedake Nabi Rasul, ya wis nyata yen Bung Karno iku ngrasuk agama Rasul (Islam).

Ki Cekel banjur genti ngotak-atik ngethukake tembung-tembung sing dicritakake embahne sing wis sumare:

Ratu Nangkoda diendih Ratu Kuning, sing dadi pratanda yen wis ana patih wuda, sarta ana gaga tuwuh ing papringan. Terange mengkene: nalika tekane wadya-bala Jepang, patih Surakarta asmane Jayanagara, yen ditulis aksara Jawa tiba nglegena kabeh, ora nganggo sandangan. Dek semana sing jumeneng ratu Sinuhun Paku Buwana XI, yen ditulis nganggo angka Jawa yaiku sewelas, iku mbarengi Gupernur Ori, jenenge pring. Sarehne gupernur iku kuwasane tiba ing sanduwuring ratu, ya dianjingake panggonan utawa papringan.

Ki Cekel genti ngotak-atik uran-uran dolanane dek isih bocah, yaiku apalan Tikus piti, iya weca Ranggawarsitan. Weca mau digathukake karo kedadeyan ing sajrone perang Kamardikan 1945 – 1949.

Pada lingsa angka: 1. dijarwani: tikus piti dadi sanepane para taruna (pemuda-pemudi) sing pada mangun yuda perang KAMARDIKAN. Kabeh dumadi saka rakyat golongan tani, kriya, buruh, kusir andong, tukang becak lan sapiturute. Apa sababe dene kewan cilik tur tikus piti utawa tikus sawah sing dipilih kanggo umpama? Iku saka panemune Ki Cekel: perange para taruna mau sing mbandani para sadulur tani, dadi iya ngetek-entekake pari. Sajrone perang gerilya sing ndelikake lan ngopeni uga rakyat tani.

Pada lingsa angka: 2. walang kecek dadi prelambange rakyat sing pada wasis ing rembug. Ing sajrone repolusi iku sing sapa pinter omong lan sesorah ana ing parepatan lan ing radio, mesthi dipilih dadi pengarep (kopral). Mulane milih walang sing digawe sanepa, jalaran walang iku bisa mabur mrana-mrene klebu kewan iber-iber. Iku ngumpamakakeyen pamilihe panuntun mau ora nganggo ditimbang dhisik bab ala becike watake, sanadyan wong ngungsi waton sugih omong lan sugih sanggup iya kepilih dadi panuntun.

Pada lingsa angka: 3. Kodok ijo dadi pepindane para rakyat sing wis duwe warna utawa pulas, tegese wis bisa maca lan nulis, duwe ijazah utawa layang tanda saka salah sawijining partai-partai. Iku sing akeh banjur pada oleh pangkat sing duwur.

Pada lingsa angka: 4. Yuyu katut kepilih dadi kapitan utawa tetuwa, iku dadi sanepa tumrap sawenehing panuntun sing dadi tukang catut. Bisa nyapit ngiwa nengen. Mula milih yuyu sing digawe upama, jalaran yuyu iku bisa urip banyu loro, ing banyu lan ing daratan. Karepe: tukang golek slamet, bisa mrana bisa mrene terus oleh kauntungan.

Pada lingsa angka: 5. wis cetha lan ora prelu dijarwani. Pancen ing sajrone repolusi iku, wong-wong sing pada nyekel panguwasa bisa nguwasani loji lan tutunggangan warna-warna. Jalaran saka iku si yuyu tukang catut iya bisa milu nempil panguwasa mau sarana topeng perjuangan.

Pada lingsa angka: 6. jangkrik upa dadi sanepane para bebadan perlengkapan (Juru Gedhong), kuwasa nindakake Raja Pundut marang sapa-sapa. Ngupa boga tegese golek pangan. Jangkrik upa kanggo pasemon patrape angupa-upa utawa golek-golek, kanggo sanguning perang. Tunggangane motor grobag (tetegar), bisa tekan ngendi-endi manut sing dikarepake.

Pada lingsa angka: 7. kemangga dipirid saka tembung sumangga. Sapa-sapa sing ditekani jangkrik upa mesthi mangsuli: mangga mawon. Nuli dieterke menjang panggonan pasimpenan, ing lemari, tenong, lumbung lan sapiturute.

Pada lingsa angka: 8. kadal bunglon tuk-antukan, dijarwani: kadal bangsane kewan sing urip cedhak banyu, pantes dadi bau-sukune si yuyu. Dene bunglon iku kewan sing bisa molah-malih, dadi gegambaraning wong-wong sing padha dadi mata-mata mungsuh. Gawene antuk-antukan karo si kadal, tegese padha sekuton rembug ajak-ajakan laku cidra. Cidra marang Ratu Adil lan Nagara R.I.

Pada lingsa angka: 9. anggang-anggang iku kewan ing banyu, nanging sing dijupuk mung jenenge, yaiku anggang-anggang tegese padha karo ukur-ukur, utawa alon-alon. Aja mung disranani perang thok, kudu dirangkepi rembug pedamen sing juwet. Sarta kudu dielingi yen ratu Nangkoda iku klebu bangsa sing juwet rerembugan lan tlaten perang suwe, kayata: perang karo Untung Surapati, perang karo Adipati Jangrana, perang karo Pangeran Dipanegara lan sapiturute.

Pada lingsa angka: 10. kungkang lan bangkong kanggo gegambarane para sudagar gedhe, saben ana perang mesthi oleh kauntungan saka anggone padha among dagang. Mulane tansah tetabuhan.

Kaya mengkono pangothak-athike Ki Cekel olehe nggothak-gathukake weca warisane Kyai Pujangga Ranggawarsita, dikeplokake karo pengalamane ing sajrone perang Kamardikan tahun 1945 – 1949.

Bener utawa luput disumanggakake marang para maos.


Aksi

Information

One response

26 02 2012
YouTube Ram’s Endukante Premanta looks promising Zaneube

Puluhan kampung huta Batak dibakar dan para raja huta diharuskan bersumpah setia pada pemerintah Belanda dan membayar pampasan perang.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s




%d blogger menyukai ini: