Sabdopalon

27 04 2009

Welinge Sabdo Palon, ing tahun Lawang Sapto Ngesthi Aji (1879) perjuangan kita lagi teka ing tengah-tengahe. Saiki durung paja-paja pundat. Cecobaning Pangeran warna-warna, bangsa kita kudu kuat nglakoni, Jer Basuki Mawa Bea.
Sabdotomo kang ngemot jangkane Sabdo Palon mau mangkene:

SINOM

  1. Sanget-sangeting sangsara, kang tumuwuh tanah Jawi, sinengkalan taunira, Lawang Sapto Ngesthi Aji, upami nabrang kali, prapteng tengah-tengahipun, kaline banjir bandang, jerone nyilepake jalmi, kathah sirna manungsa kathah pralaya.
  2. Bebaya ingkang tumeka, watara satanah Jawi, ginawe kang paring kodrat, tan kena dipun singgahi, awit ing donya iki, ana angger-anggeripun, karsanireng Jawata kinarya, amratandani, jagad iku yekti ana kang akarya.
  3. Warna-warna kang bebaya, kang ngrusakken tanah Jawi, sagung tiyang nambutkarya, pamedal mboten nyekapi, priyayi keh kang brenti, sudagar tuna sedarum, wong glidhig ora mingsra, wong tani ora nyukupi, pametune akeh sirna aneng wana.
  4. Bumi ilang berkatira, ama kathah kang ndhatengi, dalu kathah ingkang ilang, cinolongan dening jalmi, resahnya anglangkungi, karana rebut rinebut, risak tataning jalma yen dalu grimis keh maling, lamun rina kathah tiyang ambebegal.
  5. Heru hara sakeh jalma, rebutan ngupaya bukti, tan ngetang anggering praja, tan tahan perihing ati, katungka praptaneki, pageblug ingkan linankung, wradin satanah Jawi, enjing sakit sore mati, sonten sakit enjangnya sampun pralaya.
  6. Kesandhung bae pralaya, kaselak banjur ngemasi, udan barat salah mangsa, angin geng anggegirisi, kayu gung gung brasta sami katempuh ing angin agung, kathah rebah belasah, lepen-lepen sami banjir, lamun tinon pan kadya samodra bena.
  7. Alun minggah ing daratan, karya risak tepis wiring, geter manahe pra jalma, kang dumunung kanan kering, kajeng-kajeng keh kenthir, kang tumuwuh pinggir laut, sela geng sami brasta, kabelabag katut keli, gumulundung-gumulundung suwaranira.
  8. Hardi agung-agung samya, hurubaya nggegirisi, gumleger suwaranira, lahar wutah kanan kering, amblabar angelebi, nrajang wana lan desa gung, manungsanya keh brasta kebo sapi samya gusis, sirna gempang tan wonten mangga puliha.
  9. Lindhu ping pitu sedina, karya rusaking sujalmi, sitinya samya anela, brekasakan sami ngeksi, anyarat sagung jalmi, manungsa pating galuruh, kathah kang nandang roga, warna-warna ingkang sakit, awis saras kathah kang prapteng pralaya.
  10. Miturut carita kuna, wecane jalma linuwih, kang wus kocap angeng jangka, manungsa sirna sepalih, dene kang bisa urip, yekti ana syaratipun, karya nulak bebaya, kalise bebaya yekti, netepana kang wineca para kuna.
  11. Kang kocap ning Jayabaya, manungsa urip puniki, kadya rumput aneng wana, yen wus tekan jaman akhir, kluku ginaru sami, yekti kathah ingkang lebur, lamun nedya yuwana, luput ing sakalir kalir, garu luku bisa nlesep selanira.
  12. Padha sira ngupoyoha, sarana ingkang sejati, sahadat ingkang sampurna, sampurna jatining urip, yen ora bisa oleh, nyatakna ingkang satuhu, kang nganti prapteng laya, laya sajroning ngahurip, hya iku mergane kalis bebaya.
  13. Yen sira durung uninga, takokna guru kang yekti, kang wus putus kawruh mring kasidan jati, budha budine yekti, kang kok anut rinten dalu, ing ngendi dunungira, lawan asalira nguni, yen wus laya ing ngendi iku dunungana.
  14. Padha sira ngelingana, carita ing nguni-nguni, kang wus kocap serat babad, babad nagri Majapahit, nalika duk ing nguni Brawijaya Sangaprabu, prasamya pepanggihan, kalawan jeng Sunan Kali, katiganya Sabdo Palon rencangira.
  15. Sangaprabu Brawijaya, sabdanira arum manis, nantun dhateng punakawan, Sabdo Palon paran karsi, jenengingsun puniki, wus angrasuk agama rasul, heh kakang pekenira, miluwa agama suci, luwih becik iku agama kang mulya.
  16. Sabdo Palon matur sugal, yen kawula mboten arsi, angrasuk agama Islam wit kula punika yekti, ratuning danyang Jawi, momong marang anak putu, sagunging pri prayangan, kang dumunung tanah Jawi, wus pinasthi sayekti kula pisahan.
  17. Kalawan Paduka Nata, wangsul mring kajiman mami, mung kula matur pitungkas, benjing ing sapungkur mami, yen wus prapta kang wanci, jangkep gangsal atus taun, awit dinten punika, kula gentos ing agami, agami Budi kula sebar tanah Jawa.
  18. Sinten tan purun nganggeya, yekti kula risak sami, sun ajakan putu kula, brekasakan rupi-rupi, dereng lega kang ati, yen durung alebur tumpur, kula damel pratanda, praptane tembayan mami, hardi Mrapi yen wus jeblug mili lahar.
  19. Ngidul ngilen purugira, nggandha banger ingkang warih, nggih punika wedal kula, wiwit nyebar agama Budi, netepi janji mami, anggere kodrat satuhu, karsanireng Jawata, sadaya gilir gumanti, mboten kenging alamun hingga wahana.
  20. Sabdo Palon nulya muksa, sakedap mboten kaeksi, wangsul mring jaman kajiman, langsung ngungun Sribupati, jenger tan bisa angling, kang manah langkung gegetun, kaduwung solahira, mupus karsaning Dewadi, kodrat iku sayekti tan kena owah.

Aksi

Information

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s




%d blogger menyukai ini: